Berita TERBARU

Sekali lagi Terimakasih Untuk Banjarnegara

Perjalanan jelang event The PREweweh Da y cukup memukau sepanjang sejarah saya membangun sebuah pergerakan di Banjarnegara. Sejak 2009 saya...

Selasa, 23 Juli 2019

Pasar Rakyat Negeri Kahyangan " Bakale Wuademme MakNyuus...! "

Sedela maning nang mBanjarnegara garep ana acara Dieng Culture Festival - X, Sing garep dilaksanakaken sekang tanggal loro tekan tanggal papat agustus rongewu sangalas. Tempate ya isih ajeg nang Dieng Kulon. Banjarnegara ( nang sekitaran Candi Arjuna ). Temane sing dhinggo taun iki judule " The Inspiration of Culture " sing maksude sekang acara DCF iki bisa marakna inspirasi kabudayan kanggo sekabehane.

Acarane karo tahun sing owis - owis meh pada baen. Ana ritual nyukur rambut gembel, ana ngeburna balon, ana jazz nang nduwur awang-awang, ana maning acara gendhu-gendhu rasa kebudayaan lan dieng resik.

Nah, nang tengah-tengah acara kuwe mau, uga ana acara " Pasar Rakyat Negeri Kahyangan ". Acara iki sing nganakna sekang Kantor IndagkopUKM mBanjarnegara. Ora ana liyane nek tujuan acara Pasar Rakyat Negeri Kahyangan kiye mau, seliyane kepingin nambah marakna rame lan gemebyar acara DCF. Pasar Rakyat Negeri Kahyangan kiye jane ya pada baen karo konsepe acara Gelar Produk UKM karo Produk Nasional. Dadi pesertane ya selain sekang kelompok-kelompok UKM mBanjarnegara, uga ana kang kota liya lan uga sekang perusahaan-perusahaan sing wis suwe bermitra karo IndagkopUKM mBanjarengara. 

Selengkape ana nang KENE >