Berita TERBARU

Sekali lagi Terimakasih Untuk Banjarnegara

Perjalanan jelang event The PREweweh Da y cukup memukau sepanjang sejarah saya membangun sebuah pergerakan di Banjarnegara. Sejak 2009 saya...

Sabtu, 20 Oktober 2012

Pramugari Paling Kreatif dan Cantik asal Banjarnegara

Angger ngemben Banjarnegara due Bandara dhewek, kayane kaya kie woro-woro sekang Pramugari sedurung montor mabure mangkat.

“Dulur dulur penumpang, sedela maning montor mabur arep mangkat. Sedurunge inyong karo pramugari liyane arep nidokna cara-cara ngadepi kahanan darurat.”

“Klambi plembungan ana neng dlesepan ngisor korsi, denggo nek montor mabur mandeg neng nduwur banyu. Carane njikot klambi sekang dlesepan terus denggo, tarik taline ben klambine mlembung. Pipa karet dedamu ben lampune kelap kelip dadi bisa dedeleng sekang kadohan. Klambi kuwe aja decolong atawa degawa balik, nek kewenangan bisa detempiling.”


“Montor mabur kiye delengkapi nem lawang, loro nang ngarep, loro nang cewiwi terus loro maning nang buritan. Nek pesawat kurang hawa nggo ambekan, mengko metu dewek masker oksigen sekang loteng. Nek masker mecotot, gageyan denggo, ambekan kaya biasane, aja ngos-ngosan, marakna liyane pada wedi.”


“Semono pengumuman sekang inyong, nek arep maca majalah apa koran, kuwe ana neng dlesepan korsi ngarepe rika kabeh, Majalah Derap Serayu ya ana. Nek arep nguyuh, kakuse nang mburi. Aja nguyuh mbari udud nek konangan detempiling. Aja nguyuh ning kakus ngarep, kae kakuse wong sugih.”


“Wis ya inyong wis kesel, moga-moga kabeh slamet seger waras bisa mudun maning. Kaya kuwe kesuwun.”

Sumber : Website Resmi Pemda Mbanjar 

3 komentar:

  1. masalaeh bandarane rep digawe nangendi kang?

    BalasHapus
  2. cukup di gawe bae nang angan-angan kang...
    huehehehe.............

    suwun sampun kerso mamppir teng lapak ane ya gan....
    salam knal...
    sukses u qt smua !!!

    BalasHapus